Hadirinjama'ah salat 'idul Adha rahimakumullah. Ingkang terakhir, bilih peringatan Idul Adha lan kisah penyembelihan Nabi Ismail menika perlu sanget wosal wasul dipun kumandangaken, saperlu ngemutaken umat Islam sedaya, bilih mbangun ketaatan, kesabaran lan keikhlasan ing ndalem ngleksanaaken sedaya perintah Allah menika penting sanget. 8n1eL. Ahad, 18 Juli 2021. Berikut ini naskah khutbah Idul Adha Bahasa Jawa TPA ALBA untuk bulan Juli 2021. Sekiranya ada yang berlebih, dikurang. Ada yang kurang boleh di tambah. Semoga bermanfaat Unduh naskah versi pdf pada tautan ini Sabar Ngadepi Kahanan اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرْ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، قَالَ اللهُ تَعَالَى يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. Jamaah Sholat Ied Rohimakumullah Minangka pambukaning khotbah ing injing punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta, saha manah kita, kanthi nyaosaken puja lan puji syukur ing ngarso dalem Allah Swt. Kanthi karunianipun Allah, kita tasih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah sholat iéd ing énjing punika. Saklajengipun, sumangga kita sesarengan nambahi iman lan takwa kita dhumateng Allah, ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng, wiwit ing donya ngantos mbenjang woten ing alam akhirat. Allah Akbar 3x Walillahilham Wonten tauladan ing saben datengipun riyadin Idul Adha. Inggih punika, tugas, lan perintah ingkang awrat sanget. Ingkang diamanahaken Allah dumateng Nabi Ibrahim lan putranipun Ismail. Allah Swt sampun dawuh wonten surah As-Shoffat ayat 100-106 رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ. “Duh Pangeran kawula, mugia panjenengan paring dumateng kawula putra ingkang sholih.” فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ. “Nuli Allah paring Nabi Ibrahim putra ingkang banget sabaré.” فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ. Nalikané putra wau sampun umur déwasa, sampun saget nyambut damel sesarengan bapakipun inggih punika Nabi Ibrahim, nuli Nabi Ibrahim nimbali Ismail “Hééé anakku, sak temené aku weruh ing jeruning impenku, aku diperintah Allah nyembelih sliramu. Aku angen-angen, piyé yén menurut awakmu?” Ismail lanjeng njawab “Bapak, napa ingkang dados perintahipun Allah, panjenengan lampahi kemawon. Insya Allah panjenengan badhé manggihi kula, kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar. فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ. “Nuli Nabi Ibrahim ngelaksanaaken napa ingkang dados perintah punika. Nabi Ibrahim lan ingkang putra, sampun pasrah dumateng perintahipun Allah. Nalika pipinipun Ismail ditémpélaken ing lemah” وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا إِبْرَاهِيمُ. “nuli Allah nimbali Nabi Ibrahim Hééé, Ibrahim” قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ. “Saktemené awakmu wus netepi perintah kang saka impen iku. Lan saktemené kanthi cara kang kaya mengkana iku, Ingsun Allah mbales wong-wong kang agawe kabecikan.” إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ “Lan saktemen kedadéhan iku, dadi ujian kang nyata.” Allah Akbar 3x Walillahilham Saking nukilan ayat punika, cetha sanget bilih Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, nampi perintah saking Allah. Setungal perintah ingkang awrat sanget. Nabi Ibrahim ingkang nembé ngarepaken anggadahi putra, ingkang dipun ajeng-ajeng dados penerus perjuanganipun. Ananging, sak sampunipun napa ingkang dados panyuwunanipun dipun kabulaken dening Allah. Inggih punika, kanthi lahiripun bayi ingkang dipun paringi asma Ismail. Lajeng, nalika ngancik dewasa, Nabi Ibrahim pikantuk perintah saking Allah, supados mragat putra kinasihipun. Allah Akbar 3x Walillahilham Saking peristiwa menika, kita mangertos bilih kesabaran lan ketakwaan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, diuji dening Allah. Menawi namung ngagem pértimbangan akal kémawon, tamtu langka sanget nampi kasunyatan punika. Ananing, ing dalem kahanan kang rupek, panjenenganipun kekalih, tetep yakin bilih taat dumateng perintahipun Allah punika, dados tujuan gesangipun. Punapa kemawon mboten wonten ingkang saget nggantos setunggaling ketaatan dumateng Allah. Kanthi raos sabar, perintah kasebat dipun laksanaaken. Nalika Nabi Ibrahim badhe mragat Nabi Ismail, sak kedéping netro, Allah ngganthos posisi Nabi Ismail kanthi setunggaling méndha. Allah Akbar 3x Walillahilham Allah Swt paring dawung wonten Surat At Tholaq ayat 2-3 وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا. وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ ۚ قَدْ جَعَلَ اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا “Sing sapa wongé takwa marang Allah, mangka Allah bakal paring dalan metu saka kerupekan. Lan Allah bakal paring rizki, saka dalan kang ora kanyono-nyono, lan sapa wongé kang tawakkal, pasrah dumateng Allah, mangka Allah bakal nyukupi kebutuhané, lan sak temene Allah sampun netepi saben-saben perkara. Allah Akbar 3x Walillahilham Saking peristiwa kasebat saged kita pendet hikmahipun Hikmah angka setunggal, bilih sak temene tiyang ingkang nejo ibadah, utawi taqarrub dumateng Allah, sampun mesthi badhé ngadepi ujian ingkang mboten ringan. Sampun dados kawajaran, kahanan kados mekaten, kita nembe ajrih tindak wonten Masjid/Mushola. Ajrih sakit. Ajrih nemoni pati. Ananging, ajrih kala wau ampun ndadosaken jalaran trisna kita, dumateng Allah ical. Ampun ndadosaken, kita ajrih kalihan maklukipun, nanging mboten ajrih dumateng penciptanipun. Allah Akbar 3x Walillahilham Hikmah angka kalih, kéimanan lan ketakwaan kula lan panjenengan, nalikané badhe diangkat dening Allah, mila Allah paring ujian rumiyin. Perlu dipun mangertosi bilih saya inggil keimanan lan ketakwaan, maka saya ageng ujian ingkang badhe dipun tampi. Sampun kalampahan ing mangsa menika, setunggal tahun langkung, anggenopun pados rezeki keraos ewet. Pasar sepen. Sekolah tutup. Ngupakara sawah lan lebengan rekaos. Ditambah malih, informasi ingkang beredar wonten televisi, wonten koran, wonten radio, wonten media sosial, ingkang mbingungi. Bener lan salah mboten saget dipun pestékké. Sedaya punika mugi ndadosaken kita, munggah pangkat. Diangkat deneng Allah, kanti jalaran ujian ingkang bertubi-tubi. Allah Akbar 3x Walillahilham Hikmah angka tiga, Tresna dumateng Allah niku sampun final, ampun ngantos trisna kita dumateng makhluk, ngalahaken raos trisna dumateng Allah. Bilih ing sak lebetipun diri manungsa, wonten ati, akal, lan hawa nafsu. Sedaya punika ngarah dumateng kepuasan lan kemareman pribadi. Hikmah angka sekawan, ndadosaken generasi ingkang sholih mboten gampil. Komitmen Nabi Ibrahim kokoh sanget, anggénipun didik ingkang putra supados dados putra ingkang sholih. Kados déné ingkang kita raosaken sareng-sareng, bilih anak-anak kita, ngantos sakniki dereng saget mlebet sekolah. Dinten menika, sampun jangkep setunggal tahun tigang wulan. Lan meniko dereng wonten ingkang saget mestékaken, kapan sekolah mlebetipun. Mangga, kula lan panjenengan niru napa ingkang sampun dipun cita-citakan dénéng Nabi Ibrahim. Ampun ngantos, kita namung kuatir dumateng kesuksésan putra-putri kita ing ndanya kemawon, ananging ngorbanaken sukses wonten ing alam akhirat. Mumpung guru-guru wonten TPA ALBA punika, tasih dipun jagi istiqomahipun dumateng Allah, monggo sami dipunmanfaaten. Mangga kita tambah motivasi malih, kersanipun putra-putri kita, tetep istiqomah ibadah, wonten Mushola Al Barokah. بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُولُ قَوْ لِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيْمُ. Khutbah Kedua اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرْ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ الْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، الْمُتَعَالِيْ عَنِ الْمُشَارَكَةِ وَالْمُشَاكَلَةِ لِسَائِرِ الْبَشَرِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْمُعْتَبَرُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيـِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ سُبْحَانَهُ صَلَّى عَلَى نَبِيِّهِ قَدِيْمًا. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ وَغَافِرَ الذُّنُوْبِ وَالْخَطِيْئَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَآ أَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. عِبَادَ اللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

khutbah idul adha bahasa jawa 2021 pdf